Senin, 06 Juli 2015

MERCON


Oleh Arbai Kediri


Jam 4 sore.
Yu Gemi lagi heboh ana ing pawon. Ngliwet sega lan ngela tewel kanggo buka pasa. Lawuhe cukup tempe penyet, sambel tomat. Ora ana liyane. Senajan mengkono yen urusan buka, panganan apa wae ora bakal ditolak lambe.
“Buk’e ... “, Pendik metu saka kamar, mripate prejeh-prejeh.
“Lapa, wis ndang raup dhewe. Iki buk’e isih repot nyacah tewel”.
“Buk’e ... tukokke mercon ya ..!”. Pendik ora marani jedhing, malah lungguh nyang amben cedhak luwengan.
Ibuke ora mangsuli.
“Buk’e ... mercon ya ...!”
“Ya... sesuk taktukokke”, Kang Punjul sing nyauri. Tangane isih tak-tok tak-tok nyekel palu nuthuke paku. Rong minggu engkas riyaya. Kursi sing wis eyak-eyok kudu dibenakke, kanggo nyambut tamu.
“Dhuwite nggo tuku klambi wae le !”, Yu Gemi isih repot karo tewele.
“Tuku mercone nggo dhuwitku dhewe kok, aku duwe limang ewu”. 
Pasa-pasa ngene iki bocah-bocah cilik senengane padha merconan. Nanging nganti pasa oleh setengah wulan Pendik durung nyumet mercon babar pisan.
“Limang ewu ki ra cukup le, regane paling ora seket ewu. Hla dhuwit semono cukup nggo tuku sarung lan celanamu”. Yu Gemi duwe sipat gemi. Cocok karo jenenge. Gemi. Gemi, apa medhit, ora pathi cetha. Hehe...
Cukup olehe nyacah tewel, Yu Gemi ganti nyandhak parut klapa nggawe santen.
“Sesuk tenan ya Pak ?!”
“Ya... anggere kowe ora rewel”.
“Asikkk... sesuk tuku mercon...!”.
Pendik bungah, bapake gelem nurute kepenginane.
“Jan-jane sing karep nyumet mercon ki anakke apa gerangane ta ya ?”, Yu Gemi ngudumel rumangsa kalah.
Tangane Yu Gemi meres klapa, gawe santen kanggo kelan tewel lan gawe kolak tape. Urip ing ndesa kui memang enak. Ora enak kepriye wong pengin lalapan godhong tela yo teka ramban nyang mburi omah. Karep gawe tape goreng yo nggawe tape dhewe, ndhudhuk tela njur dirageni dhewe. Kepengin ngolak gedhang, teka ngundhuh gedhang dhewe. Pokoke sarwa gratis. Praktis lan ekonomis.
Mangkane Kang Punjul lan Yu Gemi kerasan banget urip ana ndesa.
Sesuke awan, Kang Punjul ora lali karo janjine arep nukokke mercon anake lanang.
Sakwuse bali soko ladhang, Kang Punjul gage-gage adus lan ganti nganggo klambi sing resik. Pendik sing ngenteni tekane bapakke wis dandan awit bedhuk.
“Wis buka pa ?”. Kang Punjul mriksa dompete, njur nyandhak Supra Pit-e.
“Wis Pak, tapi sak ithik”. 
Pendik tahun iki durung genep sanga tahun. Lagi belajaran pasa. Pasa mbedhug. Anggere jam 12 dheng Yu Gemi nyiapke buka. Sak wuse mangan buka Pendik kemu njur ngelapi lambene, nutukke pasa nganti maghrib.
“Nyangapa kok saithik?”.
“Selak pengin tuku mercon”.
“Whalah... tapi mengko nyang pasar aja njaluk apa-apa ya. Dhuwite bapak cumpen. Pengin tuku udut wae diempet!”.
Ya jelas je, masak pasa-pasa arep ngudut.
“Beres bos...!”.
Kang Punjul nguripke mesine Supra Pit. Pendik nyengklak ana ing mburi. Tujuane mung siji, tuku mercon menyang pasar Pare. Sakjane yen mung tuku mercon ora kudu menyang pasar Pare. Ana ing kiwa tengen dalan raya akeh sing padha dodolan mercon. Ning wae yen ing pasar Pare bakule luwih akeh, pilihane ya tansaya akeh. Golek mercon sing model apa wae ana. Tergantung selera lan isi dompet.
Jam 4 sore Kang Punjul lan Pendik wis tekan omah maneh. Pendik bungah banget, wis keturutan kepinginane. Tangan tengene nyangking tas kresek ireng sing isine mercon banting rong adah, mercon impling petang adah, mercon ses dor selusin lan mercon kembang api siji isi satus. Kabeh mbejaji wolung puluh ewu.
“Buk’e .. !”, Pendik mencolot medhun saka sepeda motor.
“Piye le, oleh mercone ?”, Yu Gemi lagi kelan trancam timun – kacang ing pawon.
“Iya buk’e .. pasare reja banget. Nganti bingung olehe milih mercon”.
“Hla yen bingung milih, mbok ya dituku kabeh !”, Yu Gemi malah nglulu anake.
“Dhuwite bapak saithik. Yen nggo tuku mercon kabeh, mengka ra isa tuku udut”, Pendik nerokake alasane bapakke.
“Jane ya rapapa dhuwite di nggo tuku mercon kabeh. Mengko sebagian mercone ben diudut bapakmu ... “.
Durung rampung Yu Gemi ngomong, Kang Punjul mbedunduk ana lawang pawon.
“Apa ? seneng iye yen bojone ra nduwe lambe ?”, Kang Punjul protes.
“Ya ra ngunu kang. Cuman sebel wae nyawang wong lanang sing kedhal-kedhul kaya sepur”.
Kang Punjul mlebu kamar. Ora kepingin neruske debat kusire karo Yu Gemi. Yen urusan udut, Kang Punjul ora bakal menang nglawan Yu Gemi. Senajan mengkono Kang Punjul tetep ora bisa uwal sangka udut. Bener-bener ahli hisap !
Tangane Yu Gemi isih ngrajang timun. Pendik nyedhek. Karepe nduduhke barang tukone. Yu Gemi nyawang sedhela njur neruske metiki lombok.
“Buk’e... kapan kelan ayam bakar ?”.
“Ora ana ayam bakar. Dhuwite wis entek nggo tuku mercon”, Yu Gemi nggodha anake.
“Sesuk ya ?”, Pendik ngeyel.
“Ya... anggere merconmu oleh diijolke nggo tuku ayam”.
“Ya eman-eman ... ya wis ra mangan ayam bakar ra po-po”, Pendik ngedoh mlebu kamar saperlu nyinggahke mercone.
Yen perkara kelan ayam bakar wae sabenere kanggone Yu Gemi ya isa-isa wae. Seminggu pisan sajerone wulan pasa ora bakal kabotan. Amarga ingon-ingone pitik Kang Punjul ya ora saitik. Babone wae ana pitu, jagone siji, darane sejinah. Tapi yo kuwi, dudu Yu Gemi yen ora gemi. Dudu Yu Gemi yen ora medhit haha...
Yu Gemi lagi wae ngrampungke marut klapa. Cikalane diuncalke nyang cedhake kucing sing awit mau nunggoki, ngenteni sisane parutan. Gage-gage wae cikalane ditangkap, njur dilebokke cangkem.
“Buk’e njajal nyumet siji yo ... “, Pendik mara maneh.
“Mengko bengi wae le, apik”.
“Siji wae... sing ses dor”.
“Sakarepmu wis, pokokke ojo cedhak-cedhak ibuk’e. Isa kaget mengko”, Yu Gemi nyerah. Arep piye maneh, dipenggako mengko malah dadi rewel.
“Kene tak duduhi carane nyumet”, Kang Punjul turun tangan.
Kang Punjul karo anake lanang metu nyang latar ngarep.
Mercon disunduk karo guthik pring, njur diencepne nyang lemah ngarah nyang ndhuwur. Yen wis siap lagi disumet karo korek bakar.
Pendik nyumpeti kupinge.
Sususususssss..... wiiiinggggg.............  dhuooorrrr..... !
Kang Punjul sukses menehi conto. Pendik jingkrak-jingkrak kesenengen.
“Nyumet mercon kok ndadak nyumpet kuping. Njur apa gunane?”, Kang Punjul ngguyoni Pendik.
“Ganti aku pak !”.
“Ya... sing ati-ati ya... carane kaya bapak mau”.
Pendik njipuk guthik pring, dipasangke nyang mercon. Ora angel anggere ngerti carane. Kaya sing diwarahke bapake, guthik diencepke nyang lemah ngadep mendhuwur.
“Disumet Pak ?”,  Pendik njaluk persetujuan bapake.
“Ya...!”, Kang Punjul ngelungke korek api.
Karo semu-semu wedi Pendik ngekakke korek.
Jress... Sumbu mercon dibakar.
Suussusususss....
Sumbu mercon mulai kobong.
Ups ! guthike mentelung. Sajake Pendik olehe ngencepke kurang rosa. Ning yo wis kadhung. Mercone wis ora kena dipenggak mbledhos.
Susususss..... wiiiiiingggg.....
Wadhuh cilaka !
Mercone mlayu mlebu lawang pawon.
Kang Punjul meneng kami tenggengen. Pendik plonga-plongo.
Dhuoooorrrrrrr.......! !
Ngeeeooong.. gubrak... klontang .... !
..... ..... ..... ?!?!
“Pendiiiiiiikkkkkk !”.
Pendik mengkeret krungu suarane ibuke saka arah pawon.
Kang Punjul gage-gage mlayu menyang pawon. Olehe mlebu ora kira-kira. Ana ngarep lawang meh wae tabrakan karo kucing sing mlayu pungkang langkang.
“Piye buk ?”.
Yu Gemi sing lagi lungguh ndhoprok ing ngarep luweng ora mangsuli. Rambute awut-awutan. 
Kang Punjul ora  perlu wangsulan. 
Mangkok isi trancam timun kuwalik, numplek. Isine kutah. Peyek urang dawu sing lagi wae rampung digoreng riyek sumebyar ing jogan. 
Sendok lan suthil uga mencelat menyang ngisor paga.
Mercone pertama Pendik wis menelan korban 

Cerita yang lain klik di sini

Tidak ada komentar: